April 2009

30 April 2009 - Setunggaling pengendara montor nabrakaken montoripun dhumateng kerumunan tiyang ingkang nembé mirsani parade Hari Ratu ing Walanda. (BBC)

29 - Watawis 100 prajurit TNI Angkatan Dharat Batalyon Infanteri 751/Berdiri Sendiri, Sentani, Jayapura, Papua ngamuk amargi hak-hakipun dipunpotong déning komandan. (Kompas)

25 - 12 kurban tiwas déning virus flu babi wonten ing Meksiko.(DetikNews)

24 - Konggrès Nasional Afrika pimpinan Jacob Zuma dipunpesthèkaken mimpang wonten ing pilihan umum ing Afrika Kidul. (NY Times)

21 - Kapustakan Digital Donya dipunkepyakaken déning UNESCO ing Paris. (The Age)

17 - Pesawat Mimika Air ingkang ngangkud sanga panumpang ical wonten ing Papua. Ngantos sapunika nasib para panumpang kaliyan awak pesawat dèrèng kinawruhan. (Republika)

14 - Para pengunjuk raos antipamaréntah wonten ing Thailand kanthi sukarila mungkasi aksinipun ingkang ugi sampun andadosaken dipunbatalaken KTT ASEAN kaliyan Asia Timur.

12 - Pegolf Argentina Ángel Cabrera dados juwara Turnamen Masters 2009.

9 - Indonésia ngayahi pilihan umum kanggé milih anggota DPR, DPD, lan DPRD. (The New York Times)

6 - Lindhu kanthi kakiyatan 6,3 skala Richter ngguncang tlatah Abruzzo, Italia; sakbotenipun 50 jiwa tiwas lan éwon sanèsipun kécalan papan padununganipun. (BBC)

5 - Gjorge Ivanov mimpang pemilu présidhèn ing Makedonia.

5 - Satelit Kwangmyŏngsŏng-2 ingkang dipunluncurkan Koréa Lèr gagal mlebet orbit lan dhawah ing Samodra Pasifik. (BBC)

5 - Lars Løkke Rasmussen dados Nayakotama Dhénemarken nggantosaken Anders Fogh Rasmussen ingkang kapilih minangka Sekretaris Jenderal NATO.

2 - Pasamuan tingkat inggil Kepala Papréntahan nagara-nagara anggota G-20 dipunbikak kanthi resmi ing London, Inggris. (CNN)


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search